Monday, August 22, 2016

Wonokairun


Isuk-isuk Wonokairun wis mruput mancal becak golek penumpang.

Mari ngono oleh penumpang cewek uayu ambune wangi rambute teles mari kramas,


Wonokairun sueneng poll. "Arep nang endhi Ning ?" jare Wonokairun.
 

"Nang slompretan mbah . ." jare ceweke.
"Waduh gak weruh aku nggone ning . ." jare Wonokairun.
"Wis mbah pokoke sampeyan mancal ae nurut komandoku . ." jare ceweke.
 

"oke boss . . " jare Wonokairun ambek mbukak terpal becake, karepe ben iso ngrasakno mambu wangi rambute cewek iku.
 

"Kiri mbah . ." Wonokairun nurut menggok kiwo.
"Kanan mbah . ." Wonokairun nurut menggok kanan.
"Kanan maneh . ." Wonokairun nurut.
"Kiri ." "Kanan . ." "Kenceng ae mbah .." "Kanan maneh . .terus kiri "
 

Wonokairun nurut ae sing penting iso ndelok gegere ceweke ayu iku.
 

"Wis stop kene ae Mbah !!" moro-moro ceweke mbengok ambek ngekeki dhuwik limang ewu. Wonokairun nuangis mbrebes mili.
 

"Lho opoko mbah, kurang tah, iki lho tak tambahi maneh ." jare ceweke ambek ngekeki dhuwik sepuluh ewu.
 

Wonokairun sik nuangis ae. "Sepurane yo mbah, sik kurang tah, iki lho tak tambahi maneh . ." jare ceweke ambek ngekeki dhuwik seket ewu.
 

Wonokairun sik nuangis ae. "Waduh mbah sampeyan njaluk piro ? Age ngomongo." ceweke bingung.
 

"Ning aku nuangis gak perkoro dhuwike kurang . ." jare Wonokairun.
 

"Lho opoko mbah ?" jare ceweke.
"Aku lali dalane mulih . . .

0 comments: